Juli 13, 2013

Plesrian

FAMILY DAY

Cikarang - Yakaya kuwe lah wong pabrik nyebute. Dadi kuwe anu acara taunan perusahaan lur nganakna acara plesiran. Kiye inyong anu kerja nang PT. Aisan Nasmoco Industri Cikarang Bekasi.
Aisan Family Day 22-23 Juni 2013 Ciater, Sariater Subang
Opening acara aisan family day 2013 disimbolna pemotongan pita nang presdir aisan sedurunge mngkat maring lokasi. lokasi family day nang sariater pemandian air panas, nginepe nang hotel lembah sarimas hotel ciater spa karo hotel sariater.

November 20, 2012

Blekbery Mesenjer

Apa kuwe blekberi? Blekberi kuwe tembelek di emberi...hehe
Ganengan jaman uwis maju (maju untumu kuwe), pating tletek teknologi anyar hape jaman siki. Termasuk salah sijine sing jenenge Blekberi. Meh saben neng dalan, neng warung, neng kampus, nganti neng WC akeh wong pada dolanan blekberi. Nek lagi mangan, tangan siji nyekel BB, tangan sijine nyekel sendok. Keliru gole mangan, hapene sing di untal. Keselek ya kawus.

Salah siji fitur (mbuh bahasa ngapake apa) blekberi kuwe BBM : Bahan Bakar Minyak alias bensin literan sing di dol Nini Sarkem (udu kuwe ngob, BBM : Blackberry Messenger). 
Nek arep BBMan kudu tukar pin. Pin kuwe asale sekang Malaysia. Film kartun sing lucu kae. Pin I pin. #ngob

Pin saben BB kuwe beda. Ora kaya pin ATM toli kabeh wong pada, mesti pin e ******* kabeh.
Saking terkenale pin, neng twitter akeh sing majang pin BB neng bione. Jan-jane kuwe tanda saking ora payune ndean. Mbok menawa ana sing gelem nge-add trus dadi pacare. Ngarep banget. Melasi yah..

BBM bisa kanggo chattingan. Chatting kuwe tutup sega sing bahane sekang anyaman pring kae loh.. (kuwe cethiiing..!!).  Jere nek chating neng BBM kuwe gratis. Pancen sih gratis, tapi sedurunge ya kudu langganan wulanan disit. Pada bae nglombo asline. Biasa lah dewek gampang di lomboni. Tapi ya aja kebangeten gole dilomboni. Apa-apa sing ana neng BB yan kudu pinter gole nganggo. Sing pas aja kelewihen.

Nek lagi chatingan, mbuh kenangapa ana sing jenenge PING!!, kayane sih lagi etung-etungan.. PING siji, PING loro, PING telu, PING koPANG kaPING ndean.. Suwe-suwe ya PINGsan.
Ana sing nyebut blekberi kuwe smart phone (telepon pinter), tapi seringe sing nyong ngerti sih, wong sing nganggo blekberi justru ora patiya pinter. Pada ngisin-ngisini.
Kiye nyatane type pengguna blekberi:

  1. Model : Ganti foto saben 5 menit sepisan. Sirahe dig awe mereng-mereng. Mbuh uteke mereng ndean. Jane raine sih ajeg bae, kaya kuwe tok. Arep di edit kaya ngapa ya ajeg bae.
  2. Napi Nusakambangan : kiye type wong buronan, merga wedi di tangkep. Senenge gonta ganti jeneng. Awan jenenge Santo, mbengi jenege Santi. Akeh sing.
  3. Alay : Alay kuwe artine ala yah.. Ya wonge ala ndean (kaya sing maca tulisan kiye). Jenenge angel di golet, morak marik kaya raine.  Contone *4kUh im03t l0h. Mumet ndase gole maca jenenge. Fotone ya miring-miring mbuh lagi kenangapa. Uteke ndean sing miring. #eh
  4. Tukang Lapor : kerjane gawe laporan berita, kaya pak hansip sing jaga ronda. Saben-saben kirim laporan. Tapi ora nggenah laporane. Mbuh laporan apa. Nek anu ora bener donge ya ora usah di sebar-sebarna. Mandan di pikir disit sedurunge ngirim. Jere smart phone.
  5. Tukang Medeni : kiye pengguna blekbery keturunan mahluk halus ndean. Senengane medeni wong. Jere arep di udag pocong lah, ditekani kuntilanak lah, arep kiamat lah..  haduuuh ujare BB kuwe sajen ndean teyeng nekakna memedi.
  6. Sok Ngartis : senenge gonta ganti status saben menit. Status di akui, dela bae di ganti di samakan. Suwe-suwe statuse ora nggenah.
  7. Mandan Lengob : kiye mbuh pancen lengob apa anu ora ngerti. Ndi panggonan nggo jeneng, ndi panggonan nggo status di wolak-walik. Jane pada sekolah apa ora nggane..
  8. Sok Eksis : istilahe sok tenar. Neng ndi bae apdet status. OTW Monas lah, OTW Jogja lah. Ora sisan OTW Ngising di apdet sisan. 
  9. Tukang Pamer : nek lagi gaul pokoke kudu apdet. Nek lagi mangan neng restoran sing larang mesti apdet. Nek lagi mangan neng angkringan bae ora di apdet.
  10. Ora nggenah : kiya type pengguna blekberi sing jarang banget apdet. Foto karo statuse ajeg bae ora tau di ganti. Jane kuwe anu bisa nganggone apa ora yah..
Kuwe mau type pengguna blekberi. Ya ora kabeh sih kaya kuwe, tapi akeh sing kaya kuwe. #uduNyong
Mulane di jenengi smart phone kayane sih mandan ora pas. Kudune di jenengi Lengob phone bae.
Mulane kanggo sing duwe blekberi ya ora usah cokan pamer. Kadaran duwe BB duite wong tua ora usah bangga, mengko nek bisa tuku karo duite dewek tembe bangga. Ngormati juga karo sing ora duwe blekberi. Ora usah lenjeh kakehan autotext. Pada bae wong Alay kuwe jenenge.

Wis disit ora usah kakehan, nek ana sing ngrasa utawa tersinggung ya ora urusan, ora urunan, ora duwe duit. Jenenge bae Daplun
Matur Nuwun..

sang MANTAN

Apa sih mantan?? MANTAN : MANdan KemuTAN. (mbok ning kayane iya)
Sing jenenge mantan, arep kepriwe bentuke, ora bisa di kelalekna. Apamaning nek duwe mantan sing ayu kaya si.. .


Mantan kuwe macem-macem, ana mantan pacar, mantan presiden, mantan majikan, mantan copet lan mantan lia-liane. Sing tek bahas mantan pacar bae lah ya. Sing liane tah mbuh. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit.

Mantan kuwe bekas pacar. Maksude pacar sing wis dadi barang bekas. #eh
Mantan kuwe bekase nyong sing dadi jodohe wong liya.
Mantan kuwe jodohe wong liya sing ora sengaja tek jajal.

Jere biyungku, nek nyong duwe barang sing wis ora di nggo, lewih becik di sumbangna maring wong sing ora mampu. Nah mulane kuwe mantanku siki wis tek sumbangna maring wong ora mampu (ora mampu duwe pacar). Itung-itung amal lah.. manut omongane biyungku. Durhaka mengko nek ora manut.hehe

Mantan kuwe ana beberapa jenis:
1. Mantan ora nguja
Mantan sing  pas lagi pacarane anu ora niat. Nemu neng ndalan, ujug2 tiba sekang langit, eh dadian deh.. Esih kemutan bae untung. Bareng putus wis babar blas ora di pikirna.

2. Mantan tak terlupakan
Nah, kiye mantan sing bahaya. Bisa gawe galau wong se Indonesia Raya. Deleng bae kae pada curhat neng facebook/twitter ora bisa ngelalekna mantan. Pegaweane galau bae saben dina mikiri mantan. Mangan ora doyan, turu ora lali, ngising ora metu-metu, ngerti2 metu WC wis pindah negara saking suwe ngisinge.


Ben pada ora galau, tek wei tips ben bisa ngelalekna mantan:
1. Nggolet pacar maning
Kiye cara sing paling ampuh nggo ngelalekna mantan, tapi ya cara sing paling angel di lakoni. Wis suwe putus, ora olih2 gantine. Suwe banget nganti lumuten. Kaya jenang jamuren.

2. Ikhlas lan lakoni apa anane
Kiye mung ati sing bisa njawab. Jajal di celuk disit kae si Ati, njajal kon njawab.. *maksude ora kaya kuwe Plun!!*. Ya ya, maksude, ben ora kelingan mantan, dilakoni urip sing ikhlas. Sing uwis ya uwis. Aja mikiri masa lalu bae. Ibarate kaca spion kuwe cilik bentuke, nggo ndeleng mburi, esih ana kaca gede neng ngarep ben dewek maju nglakoni masa depan. *tumben bijak*

3. Jedotna sirah meng tembok
Kiye salah sijine cara, nek cara liane wis ora manjur. Sapa ngerti sirahmu nek di jeblesna tembok dadi ilang ingatan. Aja sih mantan, jenenge dewek bae kelalen.

4. Pacaran nganti kapok
Koe balikan maning karo mantanmu bae. Nek mantanmu wis duwe pacar ben bae ora urusan, nah kan koe dadi selingkuhan, ben ngrasakna sisan keprime rasane. Biasane nek wong dilarani nganti ping pindo bakalan kapok. Nek ora kapok berarti ya ndableg, cemplungna kali Serayu sisan.
Nah, nek mantanmu ora gelem di ajak balikan, kuwe deritamu lah ya. Kawus. Rasakna. Nah, wis dilarani maning neng mantanmu, esih ora kapok? Tembak maning bae nganti di tolak ping sewidak rolas.

5. Aja pacaran
Kiye jurus pamungkas ben bisa kelalen mantan. Carane kuwe aja pacaran. Nah, nek koe ora tau pacaran, ora bakal kelingan mantan. #pinterbangetnglewihiMarioTeguh


Intine sih, mantan kuwe masa lalu. Ora bisa kelalen mantan kuwe masalah lu! Trus nyong kudu ngomong WOW kaya kuwe..??!! #orasudi


Wis akeh mbahas mantan, kayane sih nek di bahas terus ora bakal ana rampunge. 
Tapi masalahe, KOE DUWE MANTAN ORA PLUN???  NAAAHHH...!!!! (huruf gede)..

Aduh lah, ujug-ujug kebet ngising kiye nyong yah.. Wis disit lah ya semene bae, nyong arep ngising disit.. Asssalamualaikum..

ttd
Daplun *lagi OTW Ngising*