November 20, 2012

Blekbery Mesenjer

Apa kuwe blekberi? Blekberi kuwe tembelek di emberi...hehe
Ganengan jaman uwis maju (maju untumu kuwe), pating tletek teknologi anyar hape jaman siki. Termasuk salah sijine sing jenenge Blekberi. Meh saben neng dalan, neng warung, neng kampus, nganti neng WC akeh wong pada dolanan blekberi. Nek lagi mangan, tangan siji nyekel BB, tangan sijine nyekel sendok. Keliru gole mangan, hapene sing di untal. Keselek ya kawus.

Salah siji fitur (mbuh bahasa ngapake apa) blekberi kuwe BBM : Bahan Bakar Minyak alias bensin literan sing di dol Nini Sarkem (udu kuwe ngob, BBM : Blackberry Messenger). 
Nek arep BBMan kudu tukar pin. Pin kuwe asale sekang Malaysia. Film kartun sing lucu kae. Pin I pin. #ngob

Pin saben BB kuwe beda. Ora kaya pin ATM toli kabeh wong pada, mesti pin e ******* kabeh.
Saking terkenale pin, neng twitter akeh sing majang pin BB neng bione. Jan-jane kuwe tanda saking ora payune ndean. Mbok menawa ana sing gelem nge-add trus dadi pacare. Ngarep banget. Melasi yah..

BBM bisa kanggo chattingan. Chatting kuwe tutup sega sing bahane sekang anyaman pring kae loh.. (kuwe cethiiing..!!).  Jere nek chating neng BBM kuwe gratis. Pancen sih gratis, tapi sedurunge ya kudu langganan wulanan disit. Pada bae nglombo asline. Biasa lah dewek gampang di lomboni. Tapi ya aja kebangeten gole dilomboni. Apa-apa sing ana neng BB yan kudu pinter gole nganggo. Sing pas aja kelewihen.

Nek lagi chatingan, mbuh kenangapa ana sing jenenge PING!!, kayane sih lagi etung-etungan.. PING siji, PING loro, PING telu, PING koPANG kaPING ndean.. Suwe-suwe ya PINGsan.
Ana sing nyebut blekberi kuwe smart phone (telepon pinter), tapi seringe sing nyong ngerti sih, wong sing nganggo blekberi justru ora patiya pinter. Pada ngisin-ngisini.
Kiye nyatane type pengguna blekberi:

  1. Model : Ganti foto saben 5 menit sepisan. Sirahe dig awe mereng-mereng. Mbuh uteke mereng ndean. Jane raine sih ajeg bae, kaya kuwe tok. Arep di edit kaya ngapa ya ajeg bae.
  2. Napi Nusakambangan : kiye type wong buronan, merga wedi di tangkep. Senenge gonta ganti jeneng. Awan jenenge Santo, mbengi jenege Santi. Akeh sing.
  3. Alay : Alay kuwe artine ala yah.. Ya wonge ala ndean (kaya sing maca tulisan kiye). Jenenge angel di golet, morak marik kaya raine.  Contone *4kUh im03t l0h. Mumet ndase gole maca jenenge. Fotone ya miring-miring mbuh lagi kenangapa. Uteke ndean sing miring. #eh
  4. Tukang Lapor : kerjane gawe laporan berita, kaya pak hansip sing jaga ronda. Saben-saben kirim laporan. Tapi ora nggenah laporane. Mbuh laporan apa. Nek anu ora bener donge ya ora usah di sebar-sebarna. Mandan di pikir disit sedurunge ngirim. Jere smart phone.
  5. Tukang Medeni : kiye pengguna blekbery keturunan mahluk halus ndean. Senengane medeni wong. Jere arep di udag pocong lah, ditekani kuntilanak lah, arep kiamat lah..  haduuuh ujare BB kuwe sajen ndean teyeng nekakna memedi.
  6. Sok Ngartis : senenge gonta ganti status saben menit. Status di akui, dela bae di ganti di samakan. Suwe-suwe statuse ora nggenah.
  7. Mandan Lengob : kiye mbuh pancen lengob apa anu ora ngerti. Ndi panggonan nggo jeneng, ndi panggonan nggo status di wolak-walik. Jane pada sekolah apa ora nggane..
  8. Sok Eksis : istilahe sok tenar. Neng ndi bae apdet status. OTW Monas lah, OTW Jogja lah. Ora sisan OTW Ngising di apdet sisan. 
  9. Tukang Pamer : nek lagi gaul pokoke kudu apdet. Nek lagi mangan neng restoran sing larang mesti apdet. Nek lagi mangan neng angkringan bae ora di apdet.
  10. Ora nggenah : kiya type pengguna blekberi sing jarang banget apdet. Foto karo statuse ajeg bae ora tau di ganti. Jane kuwe anu bisa nganggone apa ora yah..
Kuwe mau type pengguna blekberi. Ya ora kabeh sih kaya kuwe, tapi akeh sing kaya kuwe. #uduNyong
Mulane di jenengi smart phone kayane sih mandan ora pas. Kudune di jenengi Lengob phone bae.
Mulane kanggo sing duwe blekberi ya ora usah cokan pamer. Kadaran duwe BB duite wong tua ora usah bangga, mengko nek bisa tuku karo duite dewek tembe bangga. Ngormati juga karo sing ora duwe blekberi. Ora usah lenjeh kakehan autotext. Pada bae wong Alay kuwe jenenge.

Wis disit ora usah kakehan, nek ana sing ngrasa utawa tersinggung ya ora urusan, ora urunan, ora duwe duit. Jenenge bae Daplun
Matur Nuwun..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Boleh tinggalkan pesan,tapi yang sopan!